Gerakan non-blok

Gerakan Non-Blok (GNB) (basa Inggris: Non-Aligned Movement/NAM) ya iku organisasi internasional kang kapérang punjul 100 nagara-nagara kang ora ngakoni beraliansi karo utawa marang blok kakuwatan gedhé apa waé. Tujuwan organisasi iki, kacathet ana ing Deklarasi Havana taun 1979, ya iku kanggo njamin "kamardhikan, kedhaulatan, integritas tèritorial, lan keamanan nagara-nagara nonblok" ing perjuangan nentang imperialisme, kolonialisme, neo-kolonialisme, apartheid, zionisme, rasisme lan sakabéhing wujud agrèsi militèr, pendhudhukan, dominasi, interferènsi, utawa hegemoni, lan nentang sakabéhing wujud blok pulitik. Dhèwèké merepresentasikan 55 persèn saka warga donya lan mèh 2/3 keangotaan PBB. Nagara-nagara kang wis nganakaké konferènsi tingkat tinggi (KTT) Non-Blok kaya ta Yugoslavia, Mesir, Zambia, Aljazair, Sri Lanka, Kuba, India, Zimbabwe, Indonesia, Kolombia, Afrika Selatan lan Malaysia.


Developed by StudentB